Tambahan Materi Geguritan

 

GEGURITAN LAN ANALISIS STRUKTURE

Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa. Tembung geguritan asale saka tembung Gurita, tembung Gurita owah-owahan saka tembung Gerita. Tembung Gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang maneka warna wujuding dhapukane ( Subalidinata, 1994: 45 ).

Saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan  modheren. Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradhisional ) Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan kang panulise kaiket dening aturan-aturan kaya dene cacahe wanda saben sagatra meh padha, cacahe larik saben sapada padha utawa meh padha, persajakan/rima utawa tibaning swara ing pungkasaning larik padha utawa meh padha, lan diwiwiti kanthi tembung sun geguritan utawa sun anggurit.

Paugerane geguritan lawas  :

·         Cacahing batra/larik/baris saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.

·         Cacahing wanda/suku kata saben gatrane ajeg, adat saben ana wolung wanda.

·         Dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing kasusastran Indonesia)

·         Lumrahe dipurwakani/diwiwiti nganggo tembung Sun Gegurit utawa Sun Anggurit.

·         Geguritan gagrag lawas lumrahe isine piwulang: upamane bab tatakrama.

Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagras lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani puisi bebas. Yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan/ ciri :

·         Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.

·         Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.

·         Sajak pungkasan mardika/bebas.

Geguritan ing jaman saiki kang ditengenake yaiku tembung kang mentes lan endah. Kaendahane geguritan gumantung marang:

(1) pilihan tembung (diksi);

(2) lelewaning basa (majas);

(3) digunakake ing saben dina.

Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar) kang akeh penafsirane.

Bab kang kasebut mau diarani struktur geguritan kang kaperang dadi loro, yaiku :

1)    Struktur Fisik

      a)    Pamilihe tembung (diksi). Pamilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung           kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan             nduweni teges rowa (abstrak). Pamilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi         kang manjila.

      b) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake      sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.

      c)    Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok           tembung (frasa) utawa mbaleni ukara. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi               kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.

      d)   Tipografi yaiku larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.     Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran. 

2)    Struktur Batin. Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku :

a)         a)  Bakuning gagasan/ tema (sense); tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan              kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema:                sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
      b)  Pangrasane penyair/; yaiku Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan          nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa          kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene:                               simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
     c)    Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; Tegese patrap (sikap) sing digunakake             ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa                    patrap liyane.

d)        d)  Amanat/ pesen; tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang                         pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana                          pangrakiting tembung-tembung.

e)       e) Suasana; tegese kahanane batin/jiwa pamaos s  awise maca geguritan. Dadi, geguritan            nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Aksara Swara

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula