Materi Geguritan

Pangertene Geguritan

Geguritan yaiku puisi jawa anyar kang ora kaiket dening paugeran tertemtu.

Titikane Geguritan

1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes

Unsur-unsur geguritan

Unsur Intrinsik

1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.
2. Pamiling tembung/diksi :  pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.
3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.
Tuladha lelawaning basa :
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesem marang sliramu.
b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.
d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.
4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra.
5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.
6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.

Unsur Ekstrinsik

1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.

Tuladha Geguritan

TITIK SAKA DESA

Bambang P

Dak rungu titir saka desa
Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa 
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!

Jlentrehane :
Liding crita : Kabudayaan
Pamiling tembung :Titir, ngudarasa, kedunge, wirangi, sabawa, jaja, sangpujangga
Lelawaning basa : Jago-jago padha kluruk wayah sore , Menawa kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang
Citran : Pangrasa lan pangrungu
Latar : desa, trenyuh, sore
Pesen : Aja nglalikake budaya Jawa.

JAMAN

Dening : Muhammad Yamin M.S

Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Alah bapak balung sate
Uripku ijen-ijenan
Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung

Rekasane urip jaman geger
Ati ora jenjem mangan ora tentrem
Turu ora bisa merem
Pating jledhor bedhil mriyem
Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren
Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame
Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”

Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega
Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan
Omben-omben, mabuk-mabukan
Tan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putuku
Lelabuhan jebul aji watu
Saiki jaman maju
Apa-apa kolu
Jaman mau wong urip sarwa kesusu
Mlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayu
Lah Bapak ra ngerti saru
Sing neng ngomah padha padu

Damen-damen pari-pari
Biyen-biyen saiki-saiki
O, slamet, slamet
Jamane bundhet ruwet
Ora eling labuh labet
“E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmu
Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru
Aku ora ngaru siku, wis simbah turu!”

(Pangilon, Antologi Geguritan FKY)
Jlentrehane:

Isi Geguritan
1. Obah –owahing jaman, kang lir gumanti, saka jaman geger tumeka jaman 2000-an mangaribawani watak-wantu, lagu lan lageyan kang urip ing jamane.
2. Protese veteran perang marang generasi saiki, amarga anggone ngisi kamardikan cengkah karo gegayuhane para pejuang.

Pesen Moral
a. Manungsa mbetahaken gesang ingkang tentrem lan aman
b. Ampun damel rekaosipun tiyang sanes
c. Ampun serakah
d. Tanggung jawab marang tugas

Nulis Geguritan

1. Nemtoake tema
2. Milih tembung kang becik
3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes
4. Migunakake tembung kang andhahan
5. Migunakake basa kang endah
6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah
Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan:
1.Wicara/Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa, pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kdu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamine mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2. Wirama/Tata cara/Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

Cukup sekian pembelajaran bab Geguritan materi Bahasa Jawa Kelas 12. Apabila ada kekurangan atau kesalahan bisa dicoment dibawah untuk nantinya dapat dilakukan perbaikan. Semoga postingan kami kali ini dapat bermanfaat.
Wassalamualaikaum.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Aksara Swara

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula