Materi Eksposisi Gamelan
Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake
utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos pikoleh informasi
kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangerten pamaos bisa mundhak.
Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, ngonceki, aweh
pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki bisa
ditindakake lumantar sadhengah cara njlentrehake, ing antarane proses lan
ilustrasi.
Bab
kang dijlentrehake ing wacana eksposisi bisa awujud:
1.
Data faktual, yaiku
sawijining kahanan kang nyata, kedadeyan ana, lan bisa asipat historis (bisa dicritakake kanthi
cetha).
2.
Sawijining analisis
utawa panapsiran objektif marang saperangan
pakta.
3.
Pakta ngenani pawongan
kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Eksposisi
kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki:
1.
Jlentrehake panemu,
gagasan, lan keyakinan
2.
Mrelokake pakta kang
dikuwatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik, organigram,
gambar, lan sapiturute.
3.
Mrelokake analisis lan
sintesis nalika ngonceki bahan lan pakta.
4.
Nggoleki sumber ide
saka pangalaman, pengamatan, tumindak, lan keyakinan.
Pathokan
panulise eksposisi:
1.
Eksposisi mung ngupaya
kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
2.
Isi eksposisi ora duwe
karep ngundang reaksi, ndayani tumindak lan panemune pamaos.
3.
Gaya eksposisi kudu
informatif lan ngyakinake.
4.
Basa eksposisi minangka
basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional
5.
Ing eksposisi,
pakta-pakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi,
maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora
dadi pambuktine).
6.
Eksposisi ngupaya
kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug.
7.
Panulis eksposisi kudu
ngerti prastawa kang diandharake,
8.
Panulis eksposisi kudu
prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.
Materi Teks Eksposisi
Gamelan Jawa
Gamelan iku
salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional asli
saka Indonésia utamané
ingpulo Jawa, Madura, Bali, lan Lombok.
Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawayaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku
saprangkat piranti musik sing
dienggo ngiringi tembang,
utawa ditabuh tanpa tembang minangka
klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing
saindengingtlatah Nusantara lan
saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan
tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana
ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan
duwéni melodhi kang magis utawa
nduwé daya supranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa
wirama perkusi kang
magis. Pagelaran gamelan
uga ana kang ngarani orkestra gamelan
Jawa. Ing buku kang
irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké
yèn gamelan iku kaya komparasi saka cahya rembulan lan
milinébanyu,
misterius kaya cahya rembulan
lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan
kalebu perangan ing kabudayan Jawa.
Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon.
Jinisé laras ing
gamelan ana loro yaiku laras pélog lan
laras sléndra.
Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.
Ricikan/instrumèn gamelan
sajroning karawitan sacara
fungsional musikal digolongake dadi telung klompok, yaiku :
· Klompok
ricikan balungan,
yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi
cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing).
Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki, yaiku;
Saron iku salah
siji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore.
Saron bentuké kaya lèmpèngan emas
kang disusun ing kayu.
Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang
béda.
Ana
3 jinis saron yaiku:
Wujud
wilah saron iki meh padha karo wilah gambang,
bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu),
nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada
empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.
Saron
demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron paling
gedhé ukuranè, sing paling cilik pekingsing
tengah-tengah saron barungtembè demung.
Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lanslendro demung.
2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.
Wilah
saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambanè 9 cm.
Saron
barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki
jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung.
Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung.
2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda. Wilah saron barung iki luwih
gedhe dibanding saron panerus ning
luwih cilik dibanding saron demung.
Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga
ana 7. Saron barung nduwe swara luwih dhuwur sakoktaf dibanding
saron demung.
Saron
panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Saron panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi
ngisore. Ing laras slendro,
saron panerus diarani Peking.
Iki
jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané
yaikusaron lan demung.
Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog paneruslan slendro panerus.
2 jinis pirantipanerus iki
nduwé laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané,
sing apik digawe saka sungu kebo.
Wilah
saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung landemung nanging
wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik.
Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4
cm.
Cara
nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel
loro saka tabuhan saron lan demung.
Slenthem iku salah
siji piranti gamelan Jawa sing
ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan
ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo
ngetokaké gema swarané.
Miturut
konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér;
utawa dijenengi gendér panembung.
Nanging slenthemduweni bilah padha karo bilahsaron;
Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumensaron.
Kaya demung lan saron barung,
slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud
slenthem iki meh padha karo gendér.
Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér.
Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesikang
nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pringkanggo
mbanteraké swara.
6. Rebab
Rebab iku piranti kang nyuwara saka
ginèsèké senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang
cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik sakaArab/Timur
Tengah. Nanging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa.
Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing
Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak,
lan ing langgam-langgam.
7. Kendhang
Kendhang iku salah
sijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji,
dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn,
piranti iki digolongaké piranti perkusi.
Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf
Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké
musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna.
Ukurané kendhang antarané 20 cmnganti 45 cm.
Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé
mèh silindher,simetris,
ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih
gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik
tinimbang bedhug.
Ana
4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling
gedhé ukurané)
Piranti gamelan iki
fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur
tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing
reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Akèh
jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
· Dlong :
swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung),
ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké.
Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
· Dhah :
swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba
kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan
sing langsung diculaké.
· Thung :
swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji
sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan
kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung
diculaké.
· Ket :
swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk
driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora
langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
·
Tong : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik,
ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
·
Tak : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo
kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl,
déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki
nduwé nadha paling dhuwur.
· Deng :
swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji
ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.
Notasi
swara kendhang sing umum dienggo yaiku:
· Swara dlong diwakili
simbol D
· Swara dhah diwakili
simbol b
· Swara thung diwakili
simbol p
· Swara ket diwakili
simbol k
· Swara tong diwakili
simbol o
· Swara tak diwakili
simbol t
· Swara deng diwakili
simbol B
Gendèr iku salah siji pirantigamelan Jawa.
Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing
tipis lan digawé saka logam,
menawa ana ing gamelan pélognduwèni
12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku
ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing
sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung,
kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran
manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok
sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih
dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti
sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing
digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher
(dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané
nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding
karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen
utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané
mandheg.
Ana
ing pakeliran wayang,
gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh
utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné
kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing
pagelaran wayang kulitricikan
gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang.
Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh
instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
1. Gendèr
penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.
2. Gendèr
barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané
saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
3. Gendèr
penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur
ketimbang gendèr barung.
Rumusé
nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku :
1. Tabuhan
gendèr gembyang mbukak
2. Tabuhan
gendèr gembyang nutup
3. Tabuhan
gendèr gembyang minggah
4. Tabuhan
gendèr gembyang mandha
5. Tabuhan
gendèr kempyung mbukak
6. Tabuhan
gendèr kempyung nutup
7. Tabuhan
gendèr kempyung minggah
8. Tabuhan
gendèr kempyung mandhap
9. Tabuhan
gendèr gantungan gembyang
10.Tabuhan
gendèr gantungan kempyung
11.Tabuhan
gendèr mipil
Saliyané
iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk
(pedhalangan) wayang,
yaiku :
1.
Tabuhan gendèr pathetan
2. Tabuhan
gendèr ada-ada
3. Tabuhan
gendèr grambyangan
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung
ing wilah kayu lan
diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning
tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang
digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe
tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak,
bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14
ning kadang uga ana sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan
bonang iki sejatine termasuk jinis gongning
gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.
10.Bonang
Barung
Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan
perangkat Gamelan Jawa kang
duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon.
Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog.
Laras
Sléndro wilahé ana
12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone
ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké
ing tali kang diarani Pluntur.
Bonang
Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur
diblebet nganggoKain lan
pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola
tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal,Sekaran, Klénangan,
lan liya-liyané.
Bonang
Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga
bisa kanggo nuntun alur Gendhing.
Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumenliyané.
Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé
pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang gawé Sekaran kang
biasané ana ing akhir kalimat lagu.
Bonang
kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).
Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé
saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa.
Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi
maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga
cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku
salah sawijining perangkatGamelan Jawa kang
duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon.
Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha
karo Bonang barung.
Laras sléndra wilahé
ana 12 cacahé,
banjur kang laras pélog wilahé
ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang
barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé
cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang
dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang
cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kainlan Pluntur.
Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung, yaiku nganggo
cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang,
lan liya-liyane. Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alurGendhing kang
digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet
tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo
mbukani gendhing.
Bonang
kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).
Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé
saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa.
Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi
maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga
cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.
Siter iku piranti gamelan sing
dipetik kayagitar.
Cacah senare ana 11 pasang
utawa kadang12 pasang.
Siter iki fungsine pada
karoCelempung.
Suling iku salah siji piranti musiksing
disebul. Fungsiné kanggo nambahswara-swara ing melodi.
Ing musikgamelan Jawa,
suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog.
Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo inggamelan Sundha.
Digawé
saka pring,
dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké
liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé
gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
Gambang iku salah siji perangkat gamelan Jawa,
lan gamelan Bali
uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang,
sing digawé saka wilah-wilah kayu sing
umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing
sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké
swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné,
wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing
bolongan sing cacahé loro saben wilah. Wujud gambang iki amèh padha saron ning
luwih gede lan wilahedigawe
saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe
saka tosan utawa logam ning
saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing
ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa
20 wilah.
Tabuh gambang
luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 Cm.
· Kelompok
ricikan utawa instrumèn struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé
raketing dolanan kanthi
mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing.
Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku:
Kethuk iku
salah siji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing
fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lankempyang.
Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
Kempyang iku
salahsiji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Kempyang iku disokake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara
ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
Kenong iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bedha karo gong sing
digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara
ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk.
Ing kelompok perangkat gamelan sing
cara ngeso'akene diayun iki,
kenong nduwe ukuran sing paling gedhe. Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan
iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo
wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing
rada unik.
4. Kempul
Kempul iku
salah sijine perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong.
Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang
kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik,
rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul ngetokake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane
luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
5. Gong
Gong iku
salah siji piranti gamelan Jawa sing
ditabuh, digawé sakatosan lan
nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé,
digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran
gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.
Saben laras sléndro lan pelog nduwéni
telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung,
kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing
tengah-tengah. Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor
tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing
bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan,
dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu
tinentu. Piranti musik tradhisional iki
saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa
pambuka acara.
Kecèr iku
salahsiji pirantigamelan Jawa sing
digawe sakatosan.
Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik
modern. Ingmusik modern
piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa,
piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane
ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh.
Kecèr
iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor
biasane wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur.
Sepasang
kecèr iku disokake ing grobogan utawa
rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning
luwih cilik sithik. Katone iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora
ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang
tinamtu.
SEJARAH
Musik gamelan duwé sajarah sing
tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan
Budha ing Nusantara.
Utamané nalika kawanguné karajan-karajan
gedhé kaya karajan Majapahit.
Jaman Majapahit iki piranti
gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawaiku
kasil saka budaya Hindu kang
banjur kagubah dening Sunan Bonang.
Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab,
[tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis
nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan,
rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat
musik kang digawé saka logam.
Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis.
Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran
yaiku sléndra lan pélog.
Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha
slendro duwéni interval kang
kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2
3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang
bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan
kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwénipathet,
ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang
kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan
alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa Baliwonten
istilah gambèlan ingkang
dadosgamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang
hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka,
dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing
Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika
nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa,
lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking
watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika,
piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri,
ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lantembaga (Cu),
ugi saged dipundamel saking kuningan, singen,
utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian,
utawa seni pertunjukkan
kayata wayang kulit
lan kethoprak. Gamelan biyasané
kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné
penyanyi kang wadon jenengé waranggana.
Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan
kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan
kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah
sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan
yaiku ing Kraton Yogyakarta.
Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti.
Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing
panggonan bangsal liyané
kang manggon rada memburi.
Nalika
jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik
banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah,
kayata:
Bukti
otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang
ngadeg awit abad kaping 8.
Ing reliefé
katon maneka piranti kayata:
·
suling bambu.
·
lonceng.
·
kendhang (ing maneka
ukuran).
·
kecapi.
·
instrument kang
ana dawai utawa senaré kang biasa
digésék lan dipetik, kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam.
Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi
pagelaran wayang lan tarian.
Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé
lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis
gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé
gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang
ndominasi Indonèsia kanthi
awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia.
Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman
Kerajaan Majapahit.
Ing pambedané karo musik India,
siji-sijiné dampak ke-India-an
ing musik gamelan
yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ingmitologi Jawa,
gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing
mangsa Saka, dewa kang
nguasai kabèh tanah Jawa,
kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medang kamulan (saiki
Gunung Lawu). Sang Hyang Guru pertamané
nyiptakaké gong kanggo
ngundhang paradewa.
Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong,
sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
Miturut
Larasé
Sléndra (ing Sundha disebut salendro)
iku salah sijiné titilaras ing gamelan.
Saliyane sléndra, ana uga titilaras pélog.
Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndra béda karo titilaras pélog. Ing
slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndra duwé 5 nada ing
saben gembyang utawa oktaf,
yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwé béda interval swara sing
cilik. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana ing tanah Jawa.
Ana kang ngira yèn ‘’sléndra’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendrakang
naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndra
karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
Notasi.
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
1
|
ji
(siji)
|
barang
|
2
|
ro
(loro)
|
gulu
|
3
|
lu
(telu)
|
dhadha
|
5
|
ma
(lima)
|
lima
|
6
|
nem
(enem)
|
nenem
|
Ing Bali,
sléndra digunakaké kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng
karo anglung kanggo
acara ngobong mayit.
Ing Jawa,
ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’.
Urutan iki umumé kanggo pagelaran wayang.
- Pathet Nem
Umumé
ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dianggo ing swara kang cendhèk kanthi
adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet
liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara
jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
- Pathet Sanga
Umume
ditulis ‘’sléndro sanga’’. Ana kalané uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki
adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog
pathet nem ing pagelaran wayang nalika
isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki
digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetune Bambang
tekan perang kembang.
- Pathet Manyura
Pathet
iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané,
pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog
barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah esuk, wiwitané
wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang
tekan tancep kayon lan
kanggo upacara-upacara khusus. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu
iku wis prak-esuk.
Gamelan
laras pélog béda
karo gamelan laras slendra. Laras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu).
Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
Pélog iku
salah sijiné titilaras ing gamelan.
Saliyane Pelog, ana uga Slendra.
Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras
Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké
kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa.
Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas,
laras Pelog kuwi kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa.
Amarga, asliné laras Gamelan ing
Jawa kuwi biyèn mung slendra.
Notasi
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
1
|
ji
(siji)
|
Panunggul
|
2
|
ro
(loro)
|
Gulu
|
3
|
lu
(telu)
|
Dhadha
|
4
|
pat
(papat)
|
Pélog
|
5
|
ma
(lima)
|
Lima
|
6
|
nem
(enem)
|
Nem
|
7
|
pi
(pitu)
|
Barang
|
Ing Bali,
Pélog digunakake kanggo kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara
nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa,
ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.
- Pathet Nem
Umume
ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi
adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet
liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé
tengah wengi.
- Pathet Lima
Umume
ditulis "Pelog Lima". Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1.
Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika
isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
- Pathet Barang
Pathet
iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané,
pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra
Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi,
lan kanggo upacara-upacara khusus.
Niku ken nules buk.ora kiro kiro okehe niku
BalasHapus