Materi Tembang kinanthi


1.      Pangertene tembang Kinanthi
Tembang Kinanthi iku salah sijiné tembang macapat kang umume dienggo nggambaraké rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwé arti gegandhèngan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhèngaké kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi déwasa, kinanthi kanggo wanita.

2.      Pathokan tembang Kinanthi
Kinanthi
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
U
6
8
I
8
A
8
I
8
A
8
I

3.      Watak tembang Kinanthi
Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih

4.      Makna tembang Kinanthi
Miturut maknane, tembang Kinanthi mralambangake pawongan nalika ngancik diwasa. Iki ditandhani nalika pawongan lanang-wadon duweni kepinginan sumandhing klawan pawongan kang bedo jinis. Mulane, welinge keklorone kudu di-“kanthi” ana margane bebrayan. Mulane, banjur diarani kinanthi.

5. Tuladha Tembang Kinathi


    Mangka kanthining tumuwuh,    Salami mung awas eling,    Eling lukitaning alam,    Dadi wiryaning dumadi,    Supadi nir ing sangsaya,    Yeku pangreksaning urip.Artinya:     Padahal bekal/modal orang hidup,     selamanya waspada dan ingat,     Ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini.     Jadi kekuatan hidup,     supaya lepas dari kesengsaraan,     yaitu cara pemeliharaan hidup.

Silahkan kalian buka link dibawah ini

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Aksara Swara

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula