Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2020

Tambahan Materi Geguritan

  GEGURITAN LAN ANALISIS STRUKTURE Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa. Tembung geguritan asale saka tembung Gurita, tembung Gurita owah-owahan saka tembung Gerita. Tembung Gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang maneka warna wujuding dhapukane ( Subalidinata, 1994: 45 ). Saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan  modheren. Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradhisional ) Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan kang panulise kaiket dening aturan-aturan kaya dene cacahe wanda saben sagatra meh padha, cacahe larik saben sapada padha utawa meh padha, persajakan/rima utawa tibaning swara ing pungkasaning larik padha utawa meh padha, lan diwiwiti kanthi tembung sun geguritan utawa sun anggurit. Paugerane geguritan la