Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2020

Materi Deskripsi Baju Adat

Gambar
1. Pangertene teks deskripsi Teks (paragraf) deskripsi yaiku nggambarke sawijining kahanan kanthi rinci. Tujuwane paragraf deskripsi kanggo nggambarake kanthi jelas kahanan-kahanan cukup detail, supaya wong (pamaca) bisa ngerti lan cepat paham  paragraf kasebut.  Kareben luwih jelas ngenani paragraf deskripsi, perhtekna ciri-ciri paragraf deskripsi lan tuladha-tuladha paragraf deskripsi supaya nggampangake yen arep nggawe paragraf deskripsi lan ngerti tembung-tembung sing nandhakake ukara teks deskripsi  2. Ciri-ciri Paragraf Deskripsi  a. Nggambarake kahanan prastawa, papan panggonan, barang, utawa wong.  Tuladhane: nggambarke  kahanan (Wengi iku ora kaya biyasane, langit ora ana lintang.  Ketambahan grimis kang terus ngriwis. Ndadekake swasana  adhem kekes.) b. Ndadekake rasa tartamtu marang pamacane,  Tuladhane: rasa mongkog (Atine seneng tenan. Kabeh disawang bisa ndadekake marem. Rasa kesel sanalika ilang kabeh katutup dening pengumumame juri kang ngandhakake menawa kelompoke

Materi Geguritan

Pangertene Geguritan Geguritan yaiku  puisi jawa anyar kang ora kaiket dening paugeran tertemtu. Titikane Geguritan 1. Ora kawengku ing pathokan 2. Nggunakake tembung kang pinilih 3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket 4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa 5. Isine mentes Unsur-unsur geguritan Unsur Intrinsik 1. Tema/ Liding Cerita :  gagasan pokok  kang disuguhake dening panganggit. 2. Pamiling tembung/diksi :   pilihan tembung  kang trep/mathuk kango geguritan. 3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi  milih tembung-tembung  kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang  ngandut lelewaning basa. Tuladha lelawaning basa : a. Personifikasi : ngumpamakake barang  kaya tumindake manungsa tuladha :  Serngenge  iku ngguyu  mesem  marang sliramu. b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang  sipate pada. tuladha : Sulastri kui  kembang desa  ing Telagareja. d. Repetisi : pengan